jam

contoh pidato bahasa jawa

pados kasampurnaan iman

sumangga kita sesarengan wangsul enget dhumateng kaagungan lan kemulyaan allah ingkang nyiptake langit lan bumi saisinipun, kelebet kita sedaya. allah ingkang nyekapi sedaya kabetahan allah kemawon kita wajib muji syukur lan nyembah. dhawuhipun allah surat al-baqarah ayat 21 : 


artosipun : he manungsa.... padha nyembah kowe marang pangeran kang nyiptake kowe lan wong-wong kang sadurunge kowe kabeh supaya kowe taqwa marang Allah.

sedaya manungsa dipundhawuhake supados nyembah dhumateng pangerang ingkan nyiptakaken manungsa, inggih punika Allah SWT. langkung-langkung kita dados manungsa ingkang dipunpilih Allah, dipunparingi kenikmatan ingkang paling ageng arupi nikmat iman lan islam. awit saking punika kita wajib muji syukur dumateng Allah saha wajib ngreksa iman kita piyambak-piyambak. kita kedah budi daya amrih langkung teguhhipun iman, kados pundi caranippun supados iman tetep tambah teguh, kita kedah ngatha-ngathahaken maos dzikir dhumateng Allah SWT. Abu hurairah R.A dhawuh : nabi Saw ngendika ingkang artosipun : padha ngayar-ngayaran kowe kabeh marang imanmu. dipuntangketaken : kados pundi anggen kita nganyaraken iman punika yaa rasulullah ? pangandikanipun nabi saw : padha ngakeh-akehna kowe olehe maca "laa illaaha illallah" (HR. ahmad lan al-hakim)

sampun samesthinipun kita dados kawulanipun allah ingkang ing ngalam donya menawi tansah mbetahaken dhumateng dzat ingkang maringi sedaya kabetahan anggenipun nyampurnakaken gesang kita. sampun ngantos namung wekdal kita pinaringan rizki kathah lajeng kanthi saestu anggenipunnindakaken ibadah, ananging menawi pinaringan coba, umpaminipun rezki seret utawi slira gerah, lajeng boten kersa sabar lan boten kersa nyuwun pangreksa saking allah, malah boten kersa babar pindhah anggenipun nindhakaken ibadah. sipat ingkang kados mekaten punika namung damel dukaning allah.

...........

0 komentar:

Posting Komentar